Course Content
Materi Upacara Adat
Materi upacara adat minangka salah sawijining pasinaon ngenani warisan budaya leluhur kang ngemu ajining nilai luhur, tuladha tata krama, lan piwulang urip bebrayan. Lumantar upacara adat, masyarakat bisa njaga sesambungan antarane manungsa, alam, lan Gusti Kang Maha Kuwasa. Ing jaman saiki, akeh generasi enom kang wiwit adoh saka tradhisi amarga pangaribawa globalisasi. Mulane, materi upacara adat perlu disinau ing pawiyatan supaya para siswa bisa mangerteni, ngurmati, lan melu njaga kabudayan Jawa minangka jati dhiri bangsa.
0/6
BAHASA JAWA KELAS XI

Nama :
Moniq Chandra Syasika Rani, S.Pd.

Pakaryan :
Guru Basa Jawa
SMK Muhammadiyah 1 Lamongan

Latar Wingking (Latar Belakang)
Kula minangka guru Basa Jawa ing SMK Muhammadiyah 1 Lamongan kang gadhah kaprigelan luhur tumrap pelestarian basa, sastra, lan budaya Jawa. Ing kagiyatan pasinaon,kula minangka panyusun tansah ngupaya ngatur lan nyusun materi Basa Jawa kanthi cara kontekstual, komunikatif, lan selaras kaliyan perkembangan jaman, nanging boten ninggalaken nilai-nilai adiluhung budaya Jawa.

Minangka guru Basa Jawa, kula ugi nyusun lan ngembangaken bahan ajar, modul pasinaon, saha media pasinaon interaktif kang nyengkuyung pelaksanaan Kurikulum Merdeka lan nguwatake Profil Pelajar Pancasila.

Riwayat Pendidikan

    • S1 Pendidikan Basa lan Sastra Jawa
      Universitas Negeri Surabaya (UNESA)