Course Content
Materi Upacara Adat
Materi upacara adat minangka salah sawijining pasinaon ngenani warisan budaya leluhur kang ngemu ajining nilai luhur, tuladha tata krama, lan piwulang urip bebrayan. Lumantar upacara adat, masyarakat bisa njaga sesambungan antarane manungsa, alam, lan Gusti Kang Maha Kuwasa. Ing jaman saiki, akeh generasi enom kang wiwit adoh saka tradhisi amarga pangaribawa globalisasi. Mulane, materi upacara adat perlu disinau ing pawiyatan supaya para siswa bisa mangerteni, ngurmati, lan melu njaga kabudayan Jawa minangka jati dhiri bangsa.
0/6
BAHASA JAWA KELAS XI

Pangerten Upacara Adat

       Upacara adat yaiku kegiyatan tradisional masyarakat sing ditindakake kanthi tertib adhedhasar adat istiadat. Ora mung seremonial, upacara adat uga ngemot nilai moral, sosial, lan budaya, kayata wujud rasa syukur, panyuwunan slamet, lan pangajab urip luwih becik.

Tujuan Upacara Adat

  1. Spiritual: Nyedhak marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, njaluk berkah lan katentreman.

  2. Sosial: Nguwatake rasa kebersamaan, gotong royong, lan tanggung jawab masyarakat.

  3. Budaya: Nguri-uri tradisi lan identitas budaya, dadi pendidikan budaya kanggo generasi enom.